Seserepan

ReviewReviewBima SuciNov 5, '07 12:12 PM
for everyone
Category:Other
BIMA SUCI
Kidung basa Mardawa
Bebukaning panedhak ingkang kaping kalih

DHANDHANGGULA Memanising amuryani warti, Dite Manis tanggal Kalih-dasa, wulan Ramelan taun Be, marengi Adi windu, wuku Wukir Sengkan Srigati, kagungan-dalem serat, Bima Sucinipun awiting paneratira, Sinangkalan : Rasa pandhita sabda Ji (1776), nedhak-sungging kewala.

Bebukaning Pamangun
DHANDHANGGULA Srangkaraningamuryani warta, Rabi’ulakhir tanggal ping Sanga, Respati Wage wayahe, pukul Sanga anuju, wuku Bala Kapating akhir, nuju-windhu Kunthara, taun Be lumaku, Sangkala : nir-ing sikara, wiku tunggal (1720) carita di Bima Suci, winangun lawan jarwa.

Bebukaning gubahan ingkang asli sakawit
ingkang ugi dados bebukaning cariyos
DHANDHANGGULA Duk Wrekudara puruhita ring, Dhang Hyang Druna kinen angupaya, Toya ingkang nucekake, maring sariranipun, Wrekudara mantuk wewarti, marang nagri Ngamarta, panggih kadang sepuh, sira Prabu Yudhisthira, kang para ri sadaya samya marengi, munggwing ngarsanipun raka.
Arya Sena matur ing raka Ji, lamun arsa kesah mamrih Toya, dening guru pituduhe, Sri Darmaputra ngungun, amiyarsa aturing ari, cinipta, prapteng baya, Narendra mangun kung, dyan satriya Dananjaya, matur nembah, ing raka Sri Narapati, “Punika tan sakeca.
Inggih sampun paduka-lilani, rayi-dalem kesahe punika, boten sakeca raose. “Arya Kalih wot santun, “Inggih sampun tuwanlilani, watak raka-paduka, Ngastina Pukulun, karya pangendra sangsara, yekti Druna ginubel amrih ngapusi, kasirnaning Pandhawa.”
Wrekudara miyarsa nauri, “Ingsun masa kenaa den ampah, mati ya umurku dhewe, wong nedya mrih pinutus, panunggale Hyang Hotipati,” Arya Sena saksana, kalepat sumebrung, Sri Narendra Yudhistira, miwah ari katiga angungun kadi, cinebak ing mong tuna.

Ngener dhateng nagari Ngastina
Tan winarna kang kari prihatin, kawuwusa lampahira Sena, tanpa wadya amung dhewe, mung bajra sindhung lesus, ambebener murang ing margai, prahara munggwing ngarsa, gora reh gumuruh, kagyat miris padedesan, ingkang kambah kaparanggul ndhodhok ajrih, andhepes nembah-nembah.
Kathah sesegah datan tinolih, langkung adreng prapteng Kuruksetra, margi geng kambaha lampahe, glising lampahireku, gapura geng munggul kaeksi, pucak mutyara muncar, saking doh ngenguwung, lir gumebyaring baskara, kuneng wau kang maksih wonten ing margi, wuwusen ing Ngastina.

Ing nagari Ngastina
Prabu Suyuddhana animbali, Dhang Hyang Druna prapteng ing jro pura, Nateng Mandraka sarenge, lawan Ngawangga tumut, pra santana andeling westhi, pra samya ingandikan, marang jro kadhatun, wong agung ing Sindu Nata, Jayadrata miwah Ki Arya Sangkuni, Bisma myang Dursasana.
Raden Suwirya Kurawa sakti, miwah Rahaden Jayasusena, raden Rekadurjayane, prapteng ngarsa Sang Prabu, kang ginusthi mrih jayeng jurit, sor sirnaning Pandhawa, ingkang dadya wuwus, away kongsi Bratayuda, yen kenaa ingapus sangkaning aris, sirnaning kang Pandhawa.
Golong ature mangkana ugi, Raden Suwirya Suranggakara, anut rempek samya ture, sira ta Sang-a Prabu, Suyuddhana menggah ing galih, datan pati ngarsakna, ing cidranireku, ragi kagagas ing kadang, lagya eca gunem Wrekudara prapti, dumrojog manjing pura.
Obah kagyat samya alinggih, Sri Narendra Ngastina ngandika, “Yayi den kapareng kene.” Wrekudara anjujug, Dhang Hyang Druna sigra ngabekti, rinangkul jangganira, “Babo sutengulun, sira sida ngulatana, ingkang Tirta Pawitra sucining urip, yen iku kapanggiha.
Nirmala panggah wiseseng urip, wus kawengku aji kang sampurna, pinunjul ing jagad kabeh, kaubah bapa biyung, mulya saking sira nak-mami, linuwih ing tri loka, langgeng ananipun, “Arya Sena matur nembah, Inggih pundi prenahe kang Tirta Suci, nunten paduka tedah.
Prenahipun kang Her Adi Ening, “Resi Druna amojar mring Sena, “Adhuh suteng-ulun angger, enggone kang Toya Nung, paning wana Tibrasareki, turuten tuduhingwang, sanget parikudu, nucekaken badanira, ulatana sor-ing Gandamadaneki, ing wukir Candramuka.
Dhungkarana ingkang wukir-wukir, jroning guwa jro panggonanira, tuhu Her Ning Pawitrane, ing nguni-uni durung, ana kang wruh nggone Toya Di, “Trustha Sang Wrekudara, pamit awot santun, mring Druna Sri Suyuddhana, angandika sira Prabu Kurupati,” Yayi-mas den prayitna.
Bok kasasar denira ngulati, panggonane ewuh tan tetela,” Wrekudara lon saure, ”Nora pepeka ingsun, anglakoni tuduh Sang Yogi,” Umesat saking pura, sigra reh sumengkud, kang maksih aneng jro pura, samya mesem Nateng Mandraka lingnya ris, “Paranpolahe ika.
Gunung Candramuka guwaneki, dene kanggonan reksasa krura, kagiri-giri gedhene, sayekti lebur tumpur, ditya kalih pangawakwukir, tan ana wani ngambah. “ Sadaya gumuyu, ngrasantuk upaya-nira, sukan-sukan boga ndrawina menuhi, kuneng ingkang Kawuntat.

Ngener dhateng wukir Candramuka
PANGKUR Lampahe Sang Wrekudara, lajeng ngambah praptanireng wanadri, ririh ing reh gandrung-gandrung, sukanireng wardaya, Toya Ening pamungkas wekasing guru, tan nyipta bayaning marga, kacaryan kang den ulati.
Ngambah wukir sengkan-sengkan, anut tembing kapering lemah miring, geger meger agra gugrug, jurang rejeng kang parang, angragancang keri sarya lata umung, myang enggar katiban warsa, sela ngapit marga supit.
Keksi kang pala kasimpar, pan kawarsan ing masa Catur asri, panjrah pan wewah rum-arum, abra kang patra wijah, ambelasah bogem nanas capakandul, angsana myang kanigara, wilasa lan gandasuli.
Anglar ingkang anggrek-wulan, janggamure araras wora-wari, argulo kalawan menur, anjrah gambir-gambirnya, nagapuspa angsana malathi tanjung, prabu-setmata sridenta, kenanga miwah kumuning.
Tumiling-tiling nut hawan, kadya manambrama ingkang lumaris, bremarareh nguswa umung, anglir karunanira, Kang Kaswasih neng marga saya malat kung, Ri Sang Arya Wrekudara, lengleng ngulati Toya Ning.
Surya mangrangsang lampahnya, kumyus ingkang riwe saingga warih, gumregut sangsaya sengkud, wigar kang kabaskaran, nerang nunjang kasandhung sukuning gunung, wreksa rug rebah mbalasah, sora dhedhet erawati.
Geger saisining wana, de kang pancawora prahara tarik, sato kaberasat mawur, ngumyur sumyur wurahan, saking genging ampuhan sato kabentus, kidang-kidang matyeng jurang, tibeng parang kang ngemasi.
Andaka keh ting kuringkang, bujangga geng mamrih memulet ing wit, rungkading wreksa karangkud, lumajar maring jurang, wau ingkang tapa-tapa aneng gunung, ajar-ajar kapalajar, prahara prabawa gumrit.
Kethu kathok kapalesat, kathetheran pathake pothar-pathir, mrekangkang kathah mrekungkung, sanget katisen samya, tutup tangan cantrik lumayu kaplayu, dalancang mangsi kasingsal, ngungsi padesan gumriwis.

Munya genthaning pamujan, gugup dennya manawurken wewangi, kangsari ganda sumawur, wau ta lampahira, prapteng wukir Candramuka guwanipun, binubak wukir dhinungkar, sela kasingsal atebih.

Rukmuka lan Rukmakala
Wreksa geng-ageng dhinungkar, kaideran mbalasah bosah-basih, prenahe Toya rinuruh, dangu datan kapanggya, kawuwusa ditya kang wonten ing ngriku, Sang Rukmuka Rukmakala, kagyat denira ningali.
Gebruging wukir dhinungkar, kang prahara gora reh nggegirisi, lawan kongas sira mambu, gandanira sujalma, gadgada Sang Rukmala sareng metu, ngrik angrik kadya Bathara, Birawa anggempur bumi.
Gora sabda lir butula, mahitala lir Kala Rudra Murti, giringdra kontrag gumuntur, katon Sang Wrekudara, binandheman wukir panggah asru muwusm “Heh ko dhik ditya bebaya, dursila grama mrih pati.”
Rukmuka Sang Rukmakala, sru dennya ngling, “Manusa mengko mati, dursila dhusthamu muput, ngursak wukir nggoningwang.” Sigra nempuh Sang Wrekudara tinubruk, kinereg panggah tan obah, sinebrak-sebrak tan osik.
Sela tan tumameng angga, curna siyung punggel ingukel aglis, kadya andaut sumebut, ingaben lawan wreksa, Rukmala angganira anggalepung, utek wutah sumamburat, Rukmala wus ngemasi.
Rukmuka angrik manrajang, wus cinandhak winayangken binating, ing sela ditya maledhug, sumyur rah sumamburat, sareng pejah Rukmula Rukmakala wus, sigra bangkene tan ana, jer samya Jawata kalih.

Hyang Endra lan Hyang Bayu
Kena ing papa cintraka, Endra Bayu dinukan Hyang Pramesthi, dadya ditya kalihipu, neng wukir Candramuka, ya ta wau Sang Sena Kalangkung wuru, kang wukir wus kabalengkrah, Toya tan ana pinanggih.
Sadangunira ngupaya, jurang gunung kawur den obrak-abrik, sayah kasaput ing dalu, madeg soring mandira, giyuh ing tyas denira ngulati Banyu, Pawitra dangu tan ana, miyarsa swara dumeling.
Tan katon duwe swara,” Adhuh putuningsun liwat kaswasih, ngupaya nora katemu, tan antuk tuduh nyata, ing prenahe kang sira-ulati ikut, salah ton tuhu solahnya.” Wrekudara duk miyarsi.

Nauri “Sinten kang swara, dene boten katingal dening mami, punapa yun ngambil tuwuh, kula inggih sumangga, leheng pejah angulati tan katemu.” Kang swara gumuyu suka, “Yen sira tambuh ing kami.
Sira duk mateni buta, he katengsun iya Jawata mami, kena ing papa gya ingsun, kang nampurnakken sira, Endra Bayu araningsun kang satuhu, duk ditya Sang Rukmala, kalawan Rukumuka mami.
Donira ngulati Toya, Pituture Dhang Hyang Druna ing nguni, nyata na Banyurip iku, tuture Resi Druna, nanging nora ing kene panggonanipun. Becik baliya ngatasa, enggone ingkang sayekti.”
Duk miyarsa Wrekudara, kendel sarwi wagugen tyasireki, saksana sau sumebrung, mantuk marang Ngastina. Tan winarna ing marga Ngastina rawuh, pendhak ing dina samana, kang wonten ngarsa Sang Aji.

Ing nagari Ngastina
Kadya duk angkate Sena, Resi Druna Bisma miwah para Ji, lan pra santana gung-agung, Nateng Wangga Mandraka, Sangkuni lan Sindu Nata aneng ngayun, Sudarma Suranggakara, Suwirya Kurawa sekti.
Rahaden Rekadurjaya, Raden Jayasusena aneng ngars, kagyat wau praptanipun, Sang Arya Wrekudara, apan sami mbagekken sadayanipun, “Babo ariningsun prapta, antuk karya sun watawis.
Yayimas ngempek kewala, praptanira sayekti antuk kardi.” Sang Resi Druna sumambung,”Paran mas lakunira, Wrekudara.” “Pukulun boten kapangguh, dene wukir Candramuka, mung ditya kalih pinanggih.
Rukmuka lan Rukmala, sampun sirna kawula-banting, dene ditya kalihipun, sikara ing kawula, wukir kabeh binalengkrah tan katemu, paduka tuduh kang nyata, sampun amindho-gaweni.”
Dhang Hyang Druna ngrangkul sigra, “Babo babo lagi ingsunayoni, katemenane ing guru, mengko wus kalampahan, nora mengeng ngantepi tuduhing guru, dene ta mengko sun-warah, enggone ingkang sayekti.
Iya telenging samodra, yen sireku ngguru pun bapa yekti, ngesuk teleng samodra gung. “Wrekudara turira, “Sampun menggah sajrone ing samodra gung, wontena nginggiling swarga, dhasaring kang sapta bumi.
Nora ajrih ing palastra, anglakoni tuduh Sang Maha Yekti. “ Iya babo suteng-ulun, yen iku panggiha, bapa kaki nini kang wus padha lampus, besuk urip saka sira, lan sira punjul ing bumi.

Tan ana aji tumama sirna kasor kawengku ing sireki. “Prabu Ngastina sumambung,” Dhuh adhuh ariningwang kaya paran pratikelira delanggung, dene kaliwat agawat, prenahe kang Tirta Ening.
Aja sira kaya bocah, den prayitna. “Wrekudara nauri,” He Kurupati wakingsun, srahena ing Bathara, pribara yen basuki.”
“Iya dhi muga antuka, lakunira pitulung Bathara Di. “Pamit Arya Sena sampun, mring Druna myang Sang Nata, ing Ngastina sigra medal sing pura wus, medal angambah lampahnya, anedya mantuk rumiyin.

Ing nagari Ngamarta
Matur ing raka Ngamarta, kuneng Wrekudara lampahireki, wau ta ingkang winuwus, nagari ing Ngamarta, duk angkate Wrekudara kesahipun, denen tan kena ingampah, kalangkung samya prihatin.
Sang-a Prabu Darmaputra, miwah Dananjaya lan ari kalih, saputra sagarwanipun, prihatin watir ing tyas, dadya rembag utusan ngaturi weruh, saking sungkawa punika, marang Prabu Harimurti.
Mesat caraka Ngamarta, mawi surat ing marga tan winarni, ing Dwarawati wus rawuh, katur ing Sri Narendra, saking Ngamarta sinuksmeng rawuh, geger amethuk busekan, Yudhisthira lan para ri.
Samya ngabekti sadaya, wusnya tata lenggah aneng jro prui, Prabu Darmaputra matur, myang Arya Dananjaya, saha ngusap waspa ing wadananipun, katur mring raka sadaya, Ri Sang Prabu Harimurti.
Ngandika Narendra Kresna, “Yayi Prabu sampun sungkaweng galih, polahe arinireku, Ki Arya Wrekudara, nadyan silih wruha yektine pangapus, ing tingkah Kurawa cidra, den pasrah ing Bathara Di.
Wong anedya puruhita, ujar becil upama den alani, santosa ing Bathara Gung, ingkang nedya bencana, masa wurung nemu wewales ing pungkur,” Punagi ing aturira, marang Prabu Harimurti.
“Yen prapta ari-paduka, miwah lamun sande ngguru ngulati, kawula bujana nayub, kaestokna Jeng Nata, yen sampuna kaka Prabu nunten rawuh, yekti barubah-barubah, rayi-dalem sadayeki.”
Lagyeca imbal wacana, praptanira wong agung Jodhipati, Nangkula Sadewanipun, myang Pancawala Sumbadra, Drupadi miwah Srikandhi.

Samya rerem sungkawanya, angandika Sang Prabu Harimurti, “Mara payo yayi Prabu, nutugaken bujana,” Sigra Wrekudara sru pamuwusipun, “Away susah abujana, pan ingsun datan nganteni.
Marang ing bujananira, karsaningsun pan amung tur upaksi, pan iya anuli wangsul, miwah mring sira Kresna, pan kepareng ingsun iki aweli weruh, arsa mring teleng samodra, ngupaya Sinoming Warih.

SINOM pituduhe Dhang Hyang Druna, angulati Toya Urip, enggone teleng samodra, iku arsa sun ulati.” Umatur kang para ri, “Dhuh kakangmas sampun-sampun, punika dede lamba, tan pantes dipun lampahi. ”Duk miyarsa Sang-a Prabu Yudhistira.
Umatur dhateng kang raka, Sri Narendra Harimurti, “Paran ring karso-paduka, ari-paduka puniki, tan kenging den palangi,” Kresna kendel tana muwus, langkung pangungunira, bingung tan nauri nenggih, ing ature Sang Sri Batanakawarsa.
Sigra Prabu Yudhistira, amengkul marang kang rayi, Arjunangkula Sadewa, ing suku samya nangisi, Pancawala Drupadi, Sumbadra Srikandhi ngayun, nggubel samya karuna, miwah Nata Harimurti, andrawili pitutur mring Bayuputra.
Samya nagnsi ngampak-ampak, tan kengguh ginubel tangis, Dananjaya nyekel asta, raden kalih suku kalih, sarwi lara anangis, Kresna menggwing ngarsanipun, Srikandhi lan Sumbadra, samya mangrubung nangisi, kinipatken sadaya sami kaplesat.
Amberto Sang Wrekudara, tan kena den gegujengi, nginthar lampahe wus tebah, kadya tinilar ngemasi, sadaya ingkang kari, apan ta arsa anusul, amrih pangampahira, sira Prabu Harimurti, dadya kendel sadaya wayang-wuyungan.
Saenggon-enggon karuna, sakathahe santanestri, kakunge ngadhep sadaya, ing Narendra Harimurti, tan pegat mituturi, kang rayi pra samya dheku, dadya wau kang raka, makuwon sajroning puri, kawuwusa wau kang adreng ing lampah.

Kahanan Kaendahaning alam
Sahira saking jro kitha, nulya sru manjing wanadri, tan kesthi durgameng hawan, tan ana baya kaeksi, sagung wong tepisiring, gawok ing pandulunipun, lampahe Arya Sena, lir naga krura ngajrihi, anrang baya amrih tuhuning ngagesang.
Kayon katembing maruta, sumrek ing swaranira tri, kadya ngatag sekar mekar, samirana mawor riris, panjrahing sarwa sari, karirisan marbuk arum, jangga kumuning sumyar, angsana pudhak kasilir, tinon kadya kang wentis kesisan sinjang.
Sore tibra ganing driya, sahira saking nagari, cunggreret mawurahan, kadya napa ring Sang Brangtih, mrak munya aneng wuri, barungan kang paksi cucur, lir aken awangsula, kidang wangsul saking ngarsi, kadya naput sruning sangsayeng wardaya.
Resres munya asauran, yayah kadya mituturi, bebeluk dares lan dokan, anamber-namber wiyati, angler ngadhangi margi, wangsula Sang Amalat Kung, kongkang neng rong lir rentang, mawarah upaya sandi, endrasila tanduking karti sampeka.
Diwasaning diwangkra, tis-tis sunya tengah wengi, kadhasih munya timbangan, musthikeng ganeya muni, mangun oneng saliring, kadya mawarah mrih lampus, upaya Dhang Hyang Druna, tan tuhu amrih basuki, mawi ngamandaka dufamaning hawan.
Suweda sikaringasta, Ri Anak Sang Hyang Bayweki, anut ujunging aldaka, denira lumaris aris, purwa ima rakteki, sirat-sirat wus kadulu, wimbaning Hyang Haruna, manitih ing jalaniddhi, keksi praba Sang Maharsi Dinaningrat.
Anari kang paksi wijah, anyengak cangak munya sri, sasmita aken wangsula, ring Sang Kasangsayeng ragi, sata wana munya njrit, warah RI sang Amoneng Kung, manerak wanaprongga, kongas tepining udadi, alun ageng gumuruh anempuh parang.
Sumyak lir suraking aprang, gumuruh mrepek kaeksi, karang meunggul kawistra, dan awun-awun nawengi, ana kang kadya esthi, karang mengo lir liman njrum, prapta Sang Wrekudara, umadeg tepining warih, mangu mulat tumon trunaning udaya.
Umbak angembang galagah, manduki karang mangsuli kadya nambrama Kang Prapta, wangsula Sang Amongragi, gora reh anekani, agra rug geter gumuntur, manulak mawalikan, Sang Honeng moneng dikani, sangsayeng tyas enget welinge kang raka.
Tuhu darma kamondaka, tuduhira Sang Maharsi, yen wangsula arda merang, ngantepi ujar ing nguni, suka matiyeng tasik, mangkana wau kadulu, palwa awarna-warna, kumerap ing jalanidhi, ting karethap kadya wancak sumamburat.
Lengleng mulat ing udaya, rancakaning tuas kaliling, ngalngut datanpa watesan, sang Moneng lir tugu manik, lun ageng nggegirisi, langgeng agolong gumulung, senya mancara angalang, kekisik wingkis kaeksi, wedhinya lir isining kang sekar mekar.
Sangsang ingkang lembak-lembak, lir cemara uwal saking, ukeling dyah sinjang lukar, tan wus ucapen ingkang sri, isining kang jaladri, pira-pira langenipun, raras rum jroning toya, panjang winarnaheng tulis, Wrekudara tan mengeng amrih mundura.

Sang Wrekudara anggebyur saganten
DURMA Musthi ring tyas sira Arya Wrekudara, ing baya tan kaeksi, yen tan amanggiha, Toya Reh Tata Darma, tan wrin palastra ing tasik, mangsah mbek pejah, cancut gumregut manjing.
Ing samodra wiraganira legawa, bnyu sumaput wentis, melek angganira, alun pan sumamburat, sumembur muka nampeki, melek ing angga, waket jangga kang warih.
Engget ing tyas angaji Jalasengsara, lun ageng anangkebi, gadgada manegah, sira Sang Wrekudara, sayah genjor ingkang wentis, datan kaetang, kuneng wonten kawarni.

Kang naga geng kyat ing rat Sang Nemburnawa, namanira duk prapti, krura makikikan, ngambang katon kumambang, gengnya lir prabata siwi, galak kumelap, sumembur angajrihi.
Lir kinebur samodra kolah prakempa, kagyat duk aningali, Arya Wrekudara, iki bebaya prapta, eram umiyat gengneki, datan antara, kotbuta anekani.
Kadya guntur kumebur ingkang samodra, prabawanira atri, mangap kadya guwa, siyung mingis kumilat, sumembur wisa lir riris, manaut krura, mullet kadya ambanting.
Nengah pan kasangsang pinulet ing naga, angers Sang Bayusiwi, wisane kang naga, tumampek mukanira, kewran ing tyas cipta mati, saya pinolah, kang naga mobat-mabit.
Sarirane kemput kagubed sadaya, mung jangga ingkang maksih, sangsaya manengah, sagung kang palwa nggiwar, nyana pancawora prapti, prahara salah, gusis palwa wus nebih.
Lir sinapon palwa tan ana katingal, wau kang mamrih jurit, sayah Arya Bima, emut sang amikara, cinubles ing kanaka glis, kang manggwing angga, pasha rahnya dres mijil.
Pancanaka manjing awake kang naga, tatas pating saluwir, rah mijil lir udan, abang toya samodra, sapandeleng kanan kering, toya dadya rah, naga geng wus ngemasi.

Kauningan Sang Marbudyengrat Dewa Ruci
Sirna dening Sena sadaya pan suka, saisining jaladri, wau kawuwusa, Ri Sang Murweng Parasdya, wruh lakunireng Kaswasih, Sang Amurwengrat, praptane Sang Amamrih.
Dinuta tan uninga jatining lampah, Tirta Marta Mahening, mapan tanpa arah, Tirta Kang Wruh Ing Tirta, suksma-sinuksma mawingit, tangeh manggiha, yen tan nugraha yekti.

Ing nagari Ngamarta
Kuneng sanalika wuwusen Pandhawa, kalangkung aprihatin, sangsaya kagagas, marang ing kadangira, arsa nusula pra sami, away sulaya, yen nemahana pati.
Samya nggubel nenuwun kang pangandika, mring Prabu Harimurti, samya tinangisan, sira Narendra Kresna, “Wus away na kang prihatin, pan kadangira, nora tumekeng pati.
Malah antuk kanugrahaning Bathara, besuk praptane suci, iya pan sinihan, de Hyang Suksma Kawekas, winenagn aliru dhiri, raga Bathara, putus ing tinggal ening.
Iya uwis mariya away sungkawa.”Enggar tyasira sami, sirna susahing tyas, dene wau miyarsa, pangandika kang sayekti, saking ing raka, Sang Nata Harimurti.

Sang Wrekudara panggihan dening
Sang Marbudyengrat Dewa Ruci

Ya ta malih wuwusen Sang Wrekudara, neng tengahing jaladri, sampan pinanggihan, awarna rare bajang, peparab Sang Dewa Ruci, lir rare dolan, ngandika tetanya ris.
“Heh ta Wrekudara apa karyanira, prapta ing kene iki, apa sedyanira, iay sepi kaliwat, tan ana kang sarwa bukti, myang sarwa boga, miwah busana sepi.
Among godhong aking iku lamun ana, tiba ing ngarsa-mami, iku kang sung-pangan, yen nora nana nora.” Nggarjita tyasnya miyarsi, Sang Wrekudara, ngungun dennya ningali.
Dene bajang neng samodra tanpa rowang, cilik amenthik-menthik, “Iki ta wong apa, gedhe jejenthikingwang, ing pangucape kumaki, ladak kumethak, dening tapa pribadi.”
“Lan maninge Wrekudara ingkang prapta, iya ing kene iki, akeh pancabaya, yen nora etoh pejah, sayekti tan prapta iki, ing kene mapan, sakalir sarwa mamring.
Nora urup lan ciptamu paripaksa, nora angeman pati, sabda kaluruhan, kene masa anaa.” Kewran Sang Wrekudareki sesaurira, dene tan wruh ing gati.
Dadya alon turira Sang Wrekudara, “Masa borong Sang Yogi.” Sang Wiku lingira. “Iya pan sira uga, bebete Sang Hyang Pramesthi, Hyang Girinata, turase pan sayekti.
Saking Brama wite ingkang para Nata, iya bapakireki, turun saking Brama, mencarken para Nata, dene ibunira Kunthi, kang duwe tedhak, iya Sang Wisnu Murti.
Mung patutan telu lawan bapakkra, Yudhistira pangarsi, panenggake sira, panengah Dananjaya, kang loro patute Madrim, jangkep Pandhawa, praptamu kene iki.
Iya Dhang Hyang Druna akon ngulatna, Banyurip Tirta Ening, iku gurunira, pituduh maring sira, iku kang sira-lakoni, mulane bapa, angel pratingkah urip.
Aywa lunga yen tan wruh ingkang pinaran, lan aja mangan iki, lamun nora wruha, arane kang pinangan, aywa nganggo-anggo ugi, yen during wruha, arane busaneki.
Ing weruhe tetakon bisane ika, lawan tetiron nenggih, dadi lan tumandang, mangkono ing ngagesang, ana jugul saking wukir, arsa tuku mas, mring kemasan den wehi.
Lanyung kuning den anggep kancana mulya. Mangkono ing ngabekti, yen during waskitha, prenahe kang sinembah.” Wrekudara duk miyarsi, ndheku nor raga, dene Sang Wiku sidik.
Sarta sila santika andikanira, Sang Wrekudara met sih, anuhun jinatyan, “Sinten ta nama Tuwan, dene neng ngriki pribadi.” Sang Marbudyengrat, “Ya ingsun Dewa Ruci.”
Matur alon, “Pukulan yen makatena, pun patik anuhun sih, kula inggih datan, wruh puruhiteng badan, sasat sato wana inggih, tan mantra-mantra, waspadeng badan suci.
Langkung mudha punggung cinacad ing jagad, kesi-esi ing bumi, angganing curiga, ulun tanpa warana, wacana kang tanpa siring.” Ya ta ngandika, manis Sang Dewa Ruci.

Sang Wrekudara manjing guwagarba
Tampi wejanganipun Sang Dewa Ruci
DHANDHANGGULA “Lah ta mara Wrekudara aglis, umanjinga guwagarbaningwang.” Kagyat miyarsa wuwuse, Wrekudara gumuyu, pan angguguk turira aris, “Dene paduka bajang, kawula geng luhur, inggih pangawak parbta, saking pundit margine kawula manjing, jenthik masa sedhenga.”
Dewa Ruci angandika malih, “Gedhe endi sira lawan jagad, kabeh iki saisine, kalawan gunungipu, samodrane alase sami, tan sesak lumebuwa, mring jro garbaningsun.” Wrekudara manjing sigra-sigra, wus prapta ing jro garbane, andulu samodra gung, tanpa tepi nglangut lumaris, ngliyek adoh katingal, Dewa Ruci nguwuh, “Heh apa katon ing sira?” Dyan umatur Sang Sena, “Inggih atebih tan wonten katingalan.
Awing-awang kang kula-lampahi, uwung-uwung tebih tan kantenan, ulun saparan-parane, tan mulat ing lor kidul, wetan kilen boten udani, ngandhap ing nginggil ngarsa, kalawan ing pungkur, kawula boten uninga, langkung bingung.” Ngandika Sang Dewa Ruci, “Aja maras tyasira.”
Byar katingal ngadhep Dewa Ruci, Wrekudara Sang Wiku kawawang, umancur katon cahyane, nolih wruh ing lor kidul, wetan kulon sampun kaeksi, ing nginggil miwah ngandhap, pan sampun kadulu, lawan umiyat baskara, eca tyase miwah Sang Wiku kaeksi, aneng jagad walikan.
Dewa Ruci Suksma angling malih, “ Away lumaku andeduluwa, apa katon ing dheweke.” Wrekudara umatur, “Wonten warni kawan prakawis, katingal ing kawula, sadaya kang wau, sampun boten katingalan, among kawan prakawis ingkang kaeksi, ireng bang kuning pethak.”

Wejangan Pancamaya Kuwasaning Tyas
lan Durgamaning Tyas
Angandika Dewa Suksma Suci, “Ingkang dhihin sira anon cahya, gumawang tan wruh arane, Pancamaya puniku, sajatine ing tyas sayekti, pangareping sarira, tegese tyas iku, ingaranan mukasifat, kang anuntun marang sifat kang linuwih, kang sajatining sifat.
Mangka tinulak away lumaris, awasena sira away samara, kawasaning tyas empane, tingaling tyas puniku, anengeri maring sajati.” Enak Sang Wrekudara, amiyarsa wuwus, lagya medem tyas sumringah. “Dene ingkang abang ireng kuning putih, iku durgamaning tyas.
Pan isine jagad amepeki, iya ati kang telung prakara, pamurunge laku dene, kang bisa pisah iku, yakti bisa amor ing gaib, iku mungsuhe tapa, ati kang tetelu, ireng abang kuning samya, angadhangi cipta karsa kang lestari, pamoring Suksma Mulya.
Lamun nora kawilet ing katri, yekti sida sirnaning sarira, lestari ing panunggale, poma den awas emut, durgama kang munggwing ing ati, pangwasane weruha, wiji-wijinipun, kang ireng luwih prakosa, panggawene kasrengen sabarang runtik, andadra ngambra-ambra.
Iya iku ati kang ngadhangi, ambuntoni marang kabecikan, kang ireng iku gawene. Dene kanga bang iku, iya tuduh nepsu tan becik, sakeing pepenginan, metu saking iku, panasten panasbaranan, ambuntoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadan.
Dene iya kang arupa kuning, pangwasane amrih tulus, ati kuning ingkang ngadhangi, mung panggawe pangrusak, binanjur jinurung. Mung kang putih iku nyata, ati anteng mung suci tan ika iki, prawira ing kaharjan.
Among iku kang bisa nampani, ing sasmita sajatining rupa, nampani nugraha nggone, ingkang bisa tumanduk, kang lestari pamoring kapti, iku mungsuh tetiga, tur samya gung-agung, balane ingkang tetiga, kang aputih tanpa rowan gamung siji, mila anggung kasoran.
Lamun bisa iya nembadani, marang sesuker telung prakara, sida ing kono pamore, tanpa tuduh puniku, ing pamore Kawula Gusti.” Wrekudara miyarsa, sengkut pamrihipun, sangsaya birahinira, iya marang kahuwusaning ngaurip, sampurnaning panunggal.



Wejangan Jati Tunggal Saliring Warna
“Sirna patang parakra na malih, urub siji wewolu kang warna, Sang Wrekudara ature, punapa namanipun, urub siji wolu kang warni, pundit ingkang sanyata, rupa kang satuhu, wonten kadi retna muncar, wonten kadi maya-maya angebati, wonten abrakmarkata.”
Marbudyengrat Dewa Ruci angling, “Iya iku kajatening tunggal, saliring warna tegese, iya na ing sireku, tuwin iya isining bumi, ginambar angganira, lawan jagad agung, jagad cilik tan prabeda, purwa ana lor kidul kulon puniki, wetan ing dhuwur ngadhap.
Miwah abang ireng kuning putih, iya panguripe ing buwana, jagad cilik jagad gedhe, pan padha isinipun, tinimbangken ing sira iki, yen ilang warnaning kang, jagad kabeh iku, saliring rekatan ana, kinumpulken aneng rupa kang sawiji, tan kakung tan wanodya.
Kadya tawon gumana puniki, kang asawang putran-putran denta, lah payo dulunen kuwe.” Wrekudara andulu, “Ingkang kadya peputran gadhing, cahyang muncar kumilat, tumeja ngenguwung, punapa inggih punika, warnaning Dzat kang pinrih dipun ulati, kang sajatining rupa.”
Anauri aris Dewa Ruci, “Iku dudu ingkang sira-sedya, kang mumpuni ambek kabeh, tan kena sira-dulu, tanpa rupa datanpa kalimeku kang ginambar, wus kaasta sanalika away lali, ulun tuhu ambekya.
Warni, tan gatra tan satmata, iya tanpa dunung, mung dumunung mring kang awas, mung sasmita aneng ing jagad ngebeki, dinumuk datan ana.




Wejangan Reh Uriping Pramana
Dene iku kang sira-tingali, kang asawang peputran mutyara, ingkang kumilat cahyane, angkara-kara murub, pan Pramana arane nenggih, uripe kang sarira, Pramana puniku, tunggal aneng ing sarira, nanging datan milu sungkawa prihatin, enggone aneng raga.
Datan milu mangan turu nenggih, iya nora milu lara lapa, yen iku pisah enggone, raga kari ngalumpruk, yekti lungkrah badan sireki, ya iku kang kawasa, nandhang urip, ingaken rahsaning Dzat.
Yeku sinandhangken ing sireki, nanging kadya simbar neng kekaywan, ananing raga enggone, uriping Pramaneku, inguripan ing Suksma Jati, misesa ing sarira, Pramana puniku, yen mati milu kaleswan, lamun ilang Suksmaning sarira nuli, uriping Suksma ana.

Wejangan Reh Pepingitaning Jagad
Sirna iku iya pinaggih, uriping Suksma Ingkang Sanyata, kaliwat tan upamane, lir rahsaning kamumu, kang Pramana amratandhani, tuhu tunggal pinangka, jinaten puniku.” Umatur Sang Wrekudara, “Inggih pundi warnine ingkang sayekti ?” Dewa Ruci ngandika.
“Nora kena iku yen sira-prih, lawan kahanan ingkang satmata, gampang angel pratikele.” Wrekudara umatur, “Kula nuwun pamejang malih, inggih kedah uninga, abar-pisanipun, pun patik ngaturken pejah, ambecana anggen-anggen ingkang pesthi, sampun tuwas kagelan.”
(Wewahan gangsal pada, saking satunggaling pujangga, kasebut ing dalem serta Cebolang, kados ing ngandhap punika : )
Angandika alon Dewa Ruci, “Wrekudara sira nora kena, yen kudu wruh samengkone, yektine sira luluh, yen ngantiya sira udani, yen sira kudu meksa, ana tatrapipun, sirnakena wujudira, iya lawan netranira iku kaki, supaya yen tumeka.
Iya marang kang sira-ulati, sayektine kang dadya warana, wujud-netranira dhewe, iku pangkalan agung.” Wrekudara nembah nuwun sih, “Yen kula kadugiya, tatrap kang puniku, iribe kadya punapa, warnaning Dzat.” Dewa Ruci angling ririh, “Tan ana kang amimba.
Nanging ana tresnandhane kaki, lamun ngarsa wujudira sirna, kari netra ati bae, nanging tan na kadulu, bumi langit datan kaeksi, iku tandha yen prapta, nugraha Hyang Agung, kari lenyepe kewala, jagad anyar kabeh tan ana nimbangi, warna kadya mangkana.
Yen wis luwar angati-ati, den waspada sajroning wardaya, benjang prapteng wasanane, poma kaki den emut, panunggale Kawula Gusti, sahir kabir tan ana, wus dadi sawujud, tan ana nggone angalap, wujud iku alam kabeh wus kawingkis, yeku jatining tunggal.

Nora pada wong sinau kaki, iya mati sajroning ngagesang, lan yen prapta wekasane, sayekti tunggal iku, tan prabeda tingalingreki.” Wrekudara anembah,” Nuwun sih Pukulun, sesampet ana karasa, tyas sumringah madeg kasudiran amrih, marang alam kamuksan.
(Babonipun ingkang asli sakawit, dereng wonten wewahanipun gangsal pada kasebut ing nginggil punika wau. R. Tanaya)
Yen makaten kula boten mijil, sampun eca neng ngriki kewala, boten wonten sangsayane, tan niyat mangan turu, boten arip lan boten ngelih, boten ngraos kangelan, boten ngeres linu, among nikmat lan manfaat. ”Dewa Ruci lingira, “Iku tan keni, yen nora lan antaka.”

Wejangan Piweling Pungkasan
Sangsaa sihira Dewa Ruci, marang Sang Kaswasih ing panedha, “Lah iya den awas bae, mring pamurunging laku, aywa ana karemireki, den bener den waspada, ing anggerpireku, yen wus kasikep ing sira, aja umung den nganggo parah yen angling, yeku reh pepingitan.
Nora kena yen sira-rasani, lan sasama samaning manusa, kang nora lan nugrahane, yen ana nedya padu, angrasani rerasan iki, ya teka kalahana, aywa kongsi banjur, aywa ngadekken sarira, aywa kraket mring wisayaning ngaurip, balik sikepen uga.
Kawisayan kang maring ing pati, den kaasta pamanthenging cipta, rupa ingkang sabenere, sinengker buwaneku, urip nora nana nguripi, datan antara masa, iya ananipun, pan wus ana ing sarira, tuhu tunggal sasana lawan sireksi, tan kena pisahena.
Datan waneh sangkanira nguni, tunggal Sang-a Kartining Buwana, pandulu pamiyarsane, wus aneng ing sireku, pamyarsane Suksma kang yekti, iay tan lawan karna. Ing pandulunipun, iya tan kalawan netra, karnanira netranira kang kinardi, anane aneng sira.
Laire Suksma aneng sireki, batinira kang ana kang kukusing agni, sarta kalawan wreksa, lir toya lan alun, kadya menyak aneng puhan, raganira ing reh obah lawan mosik, iya sarta nugraha.
Yen wruh pamoring Kawula Gusti, sarta Suksma kang sinedya ana, de warna neng sra nggone, lir wayang sarireku, saking dhalang solahing ringgit, mangka panggung kang jagad, lire badan iku, asolah lamun pinolah, sasolahe kumedhep myarsa ningali, tumindak lan pangucap.
Kawisesa amisesa sami, datan antara pamoring karsa, jer tanpa rupa rupane, wus aneng ing sireku, upamane paesan jati, ingkang ngilo Hyang Suksma, wayangan puniku, kang ana sajroning kaca, iya sira jenenging manusa iki, rupa sajroning kaca.

Luwih gengnya kalepasan iki, lawan jagad ageng kalepasan, kalawan luwih lembute, salembutaning banyu, apan lembut kamuksan ugi, luwih alit kamuksan, saaliting tengu, pan maksih alit kamuksan, lire luwih amisesa ing sakalir, lire lembut-alitnya.
Bisa nuksma ing lembut lan alit, kaluwihan satuhu, luwih iya dennya nampani, tan kena ngandelena, ing warah lan wuruk, den sanget penguswanira, badanira wasuhen praknyana ngungkih, wruha rungsiting tingkah.
Wuruk iku pan minangka wiji, kang winuruk upamane papan, pama kacang lan kadhele, sinebarna ing watu, yen watune datanpasiti, kodanan kapanasan, pasthi nora thukul, lamun sira bijaksana, tingalira sirnakna ngananireki, dada tingaling Suksma.
Rupanira swaranira nuli, ulihena mring kang darbe swara, jer sira ingaken bae, sesilih kang satuhu, nanging aja duwe sireki, pakareman kang liya, saking Sang Hyang Luhur, dadi sarira bawana, obah-osikira wus sah dadi siji sawujud, sakarentek ing tyasireki, apa cinipta ana, kan sinedya rawuh, wus kawengku aneng sira, jagad kabeh jer sira kinarya yekti, gegenti den apanggah.
Yen wus mudheng pratingkah kang iki, den awingit sarta den asasab, sasat pamer panganggone, nanging ing batinipun, ing sakedhap tan kena lali, laire sasabana, kawruh patang dhapur, padha anggonen sadaya, kalimane kang siji iku premati, kanggo ing kene kana.
Lire mati sajroning ngaurip, iya urip sajroning apejah, urip bai salawase, kang mati iku nepsu, badan lair ingkang nglakoni, katampan badan nyata, pamoring sawujud, pagene ngarasa matinya.” Wrekudara tyasira padhang nampani, wahyu prapta nugraha.
Lir sasangka taweng ima nipis, praptaning wahyu ima nirmala, sumilak ilang regede, angling malih tulya rum, Dewa Ruci manis aririh, “Tan ana aji paran, kabeh wus kawengku, tan ana ingulatana, kaprawiran kadigdayan wus kawingking, kabeh reh-ing ayuda.”

Telas wulangipun Sang Dewa Ruci
Sang Wrekudara sampun ening panggalihipun
Lan sampun medal saking guwagarba
Telas wulangira Dewa Ruci, Wrekudara ing tyas wus tan kewran, wruh ing namane dheweke, ardaning swara muluk, tanpa elar anjajah bangkit, sawengkon jagad traya, angga wus kawengku, pantes pamatining basa, sainggane sekar maksih kudhup lami, mangkya mekar ambabar.
Wuwuh warnane lan gandaneki, wus kena kang Pancaretna medal, saking ing guwagarbane, wus salin alamipun, angulati alame lami, Dewa Ruci wus sirna, mangkana winuwus, tyasira Sang Wrekudara, lulus saking gandaning kasturi jati, pepanasing tyas sirna.

Wus leksana salekering bumi, ujar bae wruh pantakanira, nir-ing wardaya malane, mung panarimeng mungguh, kadyanggone nganggo sutra di, maya-maya kang srira, rehnya kang sarya lus, sinuksmamas ingemasan, arja ingkang sesotya manik minanik, wruh pakenaking tingkah.
Mila sumping bra puspita adi, winarnendah kintaki sumekar, kasturi jati namane, pratandha datan korup, ing pangwikan kenaka lungid, angungkabi kabisan, kawruh tan kaliru, poleng bang bintulu lima, pan winarna daraga milet tulya sri, lancingan kampuhira.
Mangka pangemut katon ing nguni, tetiga duk sajroning kang garba, Dewa Ruci pangengete, bang kuning ireng iku, pamurunging laku ngadhangi, kang aputih ing tengah, sidaning pangangkuh.

© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help